Jumat, 09 April 2010

LIMA’RIFATI DHOHIRI WAL BATHINI
Ngurmati ingsun marang guru pituduh panjenenganipun HADROT SYEKH HAJI MUHAMMAD SIROJUL ARIF. Mugi Alloh ngersaaken keslametan lan Ridho marang panjenenganipun guru kito Muhammad Sirojul Arif..Amien ya Robbal Alamin…
Hai menungso kabeh kaweruhono ing maknane lafadz Bismillah.Jalaran saktemene bismillah iku dadi kawitane perkara lan dadi pungkasane sekabehane perkara, lan dadi kawitane sekabehane Kitab. Awit saking kitab Al-qur’an tumeka marang kitab liyane. Dadi yen siro arep mangerteni ing sejatine Alloh kudu mengerteni ing isine lafadz Bismillah.
• yen siro arep mangerteni ing alam saisine kudu ngerti isine Bismillah
• Yen siro arep mangerteni ing wite ilmu kudu ngerti ing isine lafadz Bismillah
• Yen siro arep mangerteni ing kembange Ilmu kudu ngerti ing isi Bismillah
• Yen siro arep mangerteni alam saisine kudu ngerti isine bismillah
• Yen siro arep mangerteni ing ewohe ilmu kudu ngerti ing isine Bismillah
• Yen arep mangerteni ing dununge ilmu kudu ngrti ing isine Bismillah
• Yen siro arep mangerteni ing sholat kudu ngerti ing sisine Bismillah
Lan yen siro arep mangerteni ing Cekake lan arep mangerteni ing apa wae iku kudu mangerteni ing isine Bismillah. Mula wong lanang lan wong wadon iku wajjib mangerteni ing isine lafadz Bismillah, yen siro ora ngerti lan ora weruh ing arti lan ma’nane Bismillah iku iso dadi Kafir..Tegese mripat isih keling – kelingan isih durung bisa Ma’rifat Billah kang sempurna, senajan wong iku mau sempurna utawa wis kuncoro Alime, olehe mondok wis sewu tahun,lan gurune wis sewu guru,lan kitabe wis sewu kitab lan muride sapirang-pirang. Senajan bisa mlaku ing sajrone bumi lan bisa metu ing awang-awang tampo tumpakan,lan slulup ana in geni tanpo kroso panas, lan biso ngilang lan japa apa wae biso, lan ngibadahe luwih khusuk yen donga opo wae kang dituju teka..
Ananging kok ora weruh lan ora ngerti ing arti lan ma’nane lafadz Bismillah lan isine huruf Bismillah iya iku isih Kafir Indalloh senajan wong iku turunan Kyai, Wali, Nabi Pisan iku mau yen ora ngerti ing isine Bismillah uga isih Kafir Indalloh, Islame isih Indannas…
Dene yen ngerti lan weruh ing isine lafadz Bismillah senajan wong iku mau keturunan jawa, cina , londo utawa turunan buta utawa danyang lan sapitirutipun iku wis islam indalloh. Mula yen siro pengin dadi islam indalloh mbuh wong lanang utawa wong wadon, tuwa, Enom, cilik, gede, pada estoaken lan temenanan golek pangerten kanggo mangerteni ing arti lan isine lafadz BISMILLAH.
Poma- poma aja sembrana lan aja kosih ora ngerti ing isine Bismillah yen ora ngerti ora absah kabeh amale lan ora den trimo dening Alloh mungguh ibadah ora absah mungguh taubat ora den trimo..kranten dereng islam indalloh…
BISMILLAH
Ngawiti ingsun klawan Bismillahirrohmanirrohim…mbuka nerangaken ingsun ing klawan boso jawi Makna lan isine Lafadz Bismillah…
1. Alife Bismillah
Alife lafadz Bismillah iku satemene ( Akhadiyah ) Kena den arani Alif ( dzatul Wahid ) teges tanda anane Dzat sejati lan nyatane anane pengeran iya iku nyatane anane Alloh blaka..Yaiku kang duweni cahyo urip, Urip tunggal kang nguripi yaiku kang den arani Banyu Nur Alif lan den arani Banyu suci sejati lan den arani Ratuning banyu lan den arani Urioe Alloh lan kang den arani Urip Tunggal karo pati, pati tunggal karo Urip.
Nalika semono Iku Alloh durung Berahi wujude isih wujud Mahdhi, tegese wujud kang sakweca tgese isih wujud tunggal Urip ,tunggal Rasa, tunggal ora ana liya kejaba Alloh kang nyata iku ya mengkono den arani (LA TA’YUN ). LATA’YUN tegese durung ana kang ngerteni wujude Alloh babarpisan. Tegese wujud dewe tanpo ana kang maujudake , urip dewe tanpo ana kang nguripi, Jumeneng dewe tanpo ana kang jumenengake..jumeneng Mahdhi lan wujd sejati.
Dalile “ Kul huwaallohu Ahad…..”
Dawuhw Muhammad marang umat kabeh yen satemene Alloh nalika durung berhi tegese durung kersa ndadeake kabeh alam isih wujud tunggal urip, tunggal rasa , tunggal sejati yaiku isine Alife lafadz Bismillah…


2. BA lafadz Bismillah
Iku nuduhake anane ( WAHDAH ) DENE ANANE WAHDAH Iku nuduhake Sifat sejati lan kang aran sejatine Muhammad lan ingkang aran HAQIQOTE MUHAMMADIYYAH…
Dadi yen ana wong kangngaku Muhammadiyyah tapi ora ngerti ing artine Bismillah, iku dudu Muhammadiyah Haqiqi, lan den arani nyatane Dzatulloh, banjur ana sejatine Nure Alloh lan den arani sejatine nur Muhammad, lan kena den arani nyatane Alloh yaiku kang diarni wijine sekabehane Alam
-Dadi mangertia yen Alife lafadz Bismillah iku wijine sekabehane Urip lan sekabehane Roh
-Dadi wujude wujude apa wae lan sekabehane apa wae barang kang dumadi iku ora liya mung saka BA, lafadz Bismillah.Dadi Ba’ lafadz Bismillah iku kena den arani wijine sekabehane alam.
Dqadi Uripe sekabehane alam lan Dhohire sekabehane alam iku ora liya mung soko Alife lafadz Bismillah lan BA’ Lafadz Bismillah..

Dene alife lafadz Bismillah iku den arani sejatine Nurulloh BA’ lafadz Bismillah iku den arani sejatine Nur Muhammad. Sawise mengkono Nurulloh lan nur Muhammad iku banjur dikumpulake dadi sawiji ora kena den bedakake babarpisan. Mulane kumpule nurulloh lan nur muhammad iku mau kena den arani kumpule lanang sejati marang wadon seati yaiku kang den arani NUR mangan NUR.
Dalile “ Nurun ala Nur yahdillahi linurihi mayyasau wayadribullohul amsalu linnasi wallohu bikullisaiin alim..”
Tegese anane Nur mangan Nur iku mau, krana Gusti Alloh arep nuduhake marang wong-wong kang den kersaake lan dadi conto sopo Alloh marang kabeh menungso yen satemene Alloh iku ngerti marang kabeh barang kang dumadi…

3. “SIN” LAFADZ BISMILLAH
SIN lafadz Bismillah iku nerangaken anane WAKHIDIYAH yaiku nuduhake anane ALAM 3 LAN ASMA 3 ..
Kranten satemene Alam 3 lan Asma telu iku wis ana nang sajrone SIN iku mau…
Dene kang diarani ALAm telu yaiku :
a.AKHADIYAH
B. WAHDAH
C. WAKHIDIYAH
Dene kang aran ASMA telu yaiku :
A. ALLOH
B. MUHAMMAD
C. ADAM
Tegese Alloh iku Dzat sejati, Muhammad iku sifat sejati, Adam iku asma sejati yaiku nyatane Rosul, tegese kang den karepaken Rosul iku nyatane Nur kang urip saking Nurulloh yaiku nyatane Adam Adam iku kang dadi Bapake menungso kabeh. Mula menungso iku kena den arani metu saka Adam…


4. “MIM” LAFADZ BISMILLAH
Dene MIM –e lafadz Bismillah iku nyatakake ananen roh IDHOMI. Dene kang den arani Roh idhomi iku nyatane arane menungso sejati yaiku sejatine kang jineten marang sejati ne lan kena den arani wedar. Maksud kang den karepaken inggih meniko jasad ngliputi badan yaiku nyatane anane AF’AL Sejati….
Dene gandengane SIN LAN MIM iku nuduhake
• ALAM ARWAH
• ALAM MITSAL
• ALAM AJSAM
• ALAM INSAN KAMIL
Maksud kang den karepaken yaiku nyatane asmane Alloh yaiku nyatane Asmane Dzat Mutlak. Tegese nyatane Muhammad kang dadi Ganthine Dzat kang Nyata..
Dadi Dzat sejati iku Alloh, Dzat kang nyata iku Muhammad kena den arani Dhohiro Muhammad Haqiqote Alloh…
Dadi yen ditingali saking dhohir pola tingkahe Dzat sejati mula kena den arani kahanane Pengeran lan kena den arani Kenyataane Alloh Ta’ala.Dene Sejatine Alloh iku tan Asma Alloh, Sejatine iku Dzat , Asma ulloh iku Rohman.
Tegese Nyatane Muhammad yaiku nyatane Alam Ajsamyaiku nyatane asmane Rosul rupane Adam Idhomi…Dadi arane Jisim yaiku jisim Alloh lan kena den arani Jisim iku negarane Alloh yaiku telung Jasad Uripe Alloh….
Telung jasad Uripe Alloh yaiku den akui wujud tunggal lan den arani Dzat Mutlak..dadi badan sak nyawane nyata tunggal banjur kena den arani Wujud Mutlak…yen mengkono kena den arani Rasa Tunggal lan kena den arani Kalimat Syahadat Loro, tegese wis ngerti sejatine Alloh lan ngerti sejatine Muhammad lan wis ngerti sejatine dhohir lan Bathin..
Dhohire Nabi bathine Wali, Dhohire Muhammad bathine Alloh lan kena den arani Jasad Muhammad Uripe Alloh lan kena den arani dhohire kawulo Bathine Pengeran..tegese wis ngerti sejatine badan lan sejatine Urip yaiku Nyata sejati Bapak lan Biyung jalaran wis ngerti Careme Alif lan Careme Sin…
Banjur wis nyata sekale kang den gasakake kayu loro pang siji rupane iku ratune sifat Jalal lan sifat kamal , Sifat Jalal iku Nurulloh yaiku lanang sejati lan sifat kamal iku Nur Muhammad yaiku sifat Kamal iku Nur Muhammad yaiku Wadon sejati..
Arane Jalal iku kuwasa ngetokake wesi lan sifat kamal iku ngetokake watu… campure wesi lan watu banjur dadi geni den ibaratajen geni iku campure raga lan Urip yaiku ngaruhane nyata, jalaran ora ana geni yen ora ana watu lan wesi lan ora bakal ana anak yen ora ana Bapak lan Ibu lan ora ana WAKHIDIYAH yen ora ana AKHADIYAH LAN WAHDAH…
Jlaran kabeh iku metu saka AKHADIYAH , Akhadiyah nglairake Wahdah, Wahdah nglairake Wakhidiyah, Wakhidiyah nglairake ing sekabehane alam…
AKHADIYAh iku maqome Dzat , WAHDAH iku maqome Sifat lan WAKHIDIYAH maqome Asma , lan kabeh Alam maqome Af’al…
• Ora ana AF’AL yen ora ana Asma
• Ora ana ASMA yen ora ana Sifat
• Ora ana SIFAT yen ora ana DZAT
Jlaran kabeh Af’al ,Asma ,Sifat iku haq-e dzat…mula kabeh mau iku mung kagungane Alloh (Dzat)
Dadi yen wis bisa fana Dzat lan Fana Sifat lan fana Asma banjur Bisa Kamal..jalaran kabeh wis balik utawa wis manggon ana Dzat kabeh..yen wis bisa Kamal banjur bisa Kohar tegese Dhohire – bathine wis kumpul dadi sawiji lan kena den arani Lorone Tunggal, Telune Tunggal dadi sawijji.. Mula siro mangertia kumpule jasad, Ati , Rasa Alloh…sajrone rasa kaya kumpule lanang sejati marang wadon sejati
Nalika metune wesi lan watu lan campure wesi lan watu yaiku campure Banyu Alif lan Banyu BA’ iku kena den arani INSAN KAMIL ( KAMILUL INSAN )…DENE ARAN Rohim iku aran Asale Alloh yaiku nyatane Badan ngliputi jasad iya aran nyata kang jineten ing sejatine..yaiku ora liya mung saka Sifat Jalal lan Sifat Kamal…wis mung iku wae, jalaran iki larangan kawidar sabdo,larangane kabeh wali, mung kudu isyarat kersane Alloh…











ISLAM

Ayuh siro kabeh pada mangertia nopo sing sakbenere ISLAM iku…kabeh wis pada ngerti islam iku dadi slamet marang kang gelem ngagemi kanthi ikhlas kang den karepaken yaiku Islam indannas ya Islam Indalloh..
Dene kang den karepaken ing iki katerangan inggihnmeniko Islam ono loro cacahe yaiku
1. ISLAM NAQIS
Islam naqish yaiku islam sepet supata getih, tegese islam hukum…kang den maksud inggih puniko angger hukume islam wis maca syshadat loro, jalaran dedeke wis islam menurut sareat..stahadat sareat, sholate sareat , zakat sareat, poso sareat, lan kajine yo sareatiku ora kena den pateni, ora kena den beleh, walaupun haqiqote durung Syahadat,Sholat, Zakat< Poso, lan kaji…dadi yen salah sewijine saking rukun islam iku mau wis den lakoni iku wis islam Naqis lan harom den pateni…

2. ISLAM KAMIL
Islam kamil yaiku Islam Indalloh iku islam ora makna slamet tapi islam makna PASRAH..dadi sak jiwane sak ragane sak dunyane sak akhirate kabeh iku udu tanggung jawabe kabeh wis den pasrahaken marang sing duwe yaiku nyatane Alloh…Ora ngengah babarpisan iya iku kang den areani islam kami lan iskam Indalloh, dudu islam Indannas dudu islam naqish…
Mula iki kaweruhana beda-bedane islam naqish lan islam kamil lan eling-elingana temenan jalaran yen iSLAM naqish iku satemene kurang banget ora absah Indalloh yen indannas iyo wis absah..
Mula kang den karepaken yaiku
“Innaddina indallohil islam wamayyabtagi ghoirol islamandiina falayyubalu minhu …”
Kang tegese mula ora den trimojalaran mung nekseni, ora ngerti kang den sekseni sholat ora ngerti kang den sholati,lan ora ngerti jeneng sholat, zakat ora ngerti kang den zakati,poso ora ngerti kang den posoni, kajine ora ngerti kang den kajini..mangka stemene kudu sempurnosyahadete, sholate, posone, lan kajine pisan kudu sempurno kabeh iku ora dunyo ora akhirat mung Kari ALLOH TA”ALA…



IMAN

Kaweruhana hai poro menungsa kang wis ngagemi Agama Islamyen Iman setuhune Iman iku den bagi dadi patbelas( 14 ) bagian :
1. IMAN AQROR
YAIKU imane wong ahli Syereat belaka wis twrimo angger wis ngucapake ing dalil
“ AMANTU BILLAHI WALMALAIKATIHI WAROSULIHI WAL YAUMIL AKHIRI WAIKODARIHI HOIRIHI WASARRIHI MINALLOHI TA’ALA “

2. IMAN TASHIQ

Yaiku wis duweni kwyakinan ana sajrone ati, ngandel banget anane Alloh, lan kitab Al-qur’aniku wahyu saking Alloh kwpatingake marang kanjeng Nabi Muhammad kangge pedoman nuntun marang umate kabeh. Kang pokoke iman iki yaiku iamn ahli syareat…

3. IMAN TASHIQ IQRAAR
Yaiku yaiku iman kang ono ing pangucapane yo iman ing ono Atine lan mbuktiaken mbuhsatitik mbuh akeh wis duwe hubungan kitab iku uga iman wong ahli syareat…

4. IMAN YAQIN
a. Iman aenul Yakin
Yaiku imane wong ahli toriqhot dhohire kanthi kerja mempeng kathi Ridhone Alloh, percaya marang Alloh kang paring opo kang diseja lan paring dala kang bener yaiku dalane sowan marang ngarsane Alloh, kanthi ndepe-ndepe tapi dereng mangerten marang sejatine Alloh….

b. Iman Haqqul yakin
Yaiku Imane wong ahli toriqoh maneh yaiku percaya marang sejatine Alloh kanthi adab, tegese tata krama lan ndepe-ndepe marang sejatine Alloh , kanthi ngeningaken pikiran lan eling marang sejatine Alloh iku DZAN BILAAKAILIN WALA MISYAALIN, Kanthi ngangge pedoman kitab olehe eling kanthi banget , tegese nganti teka rasa nanging durung tumeke Fana…tegese nganti teka rasa nanging durung tumeka baqo, keyakinane esih didadekake , diwujudake , diuripake , dibisakake, dikuwasakake, dilungakake lan sapanunggalipun…

5. IMAN TAUHID
Yaiku imane wong ahli haqiqot maksud kang den karepaken inggih puniko imane wong sing ngeryi haqiqote sejatine Alloh lan ngerti sejatine awake lan ngerti asle, tegese bakale lan ngerti gawenw lan ngerti dadine lan ngerti manggone lan ngerti panggonane lan lungane lan ngerti balike lan ngerti tekene lan ngerti asale maneh…tegese asal Dzat ya balik marang Dzat , aslae siji ya balik marang siji, mapan siji , papan siji , amor siji pisah siji, dadi wujud tunggal, gawe tunggal, dadi ora mlaku ora mandek, ora obah ora meneng yaiku jang den arani iman ihli Haqiqot….

6. IMAN TAUHIDUL TAUHID
Yaiku diarani iman haqiqot percoyo sawijine Alloh,dadi tegese alam kabeh saisine ora ono, tegese alam ora ono ,isine ora ono, jasad ora ono, urip ora ono, wujud ora ono, rupa ora ono, aran ora ono, gawe ora ono, mung Kari Alloh blaka kang Ono..dadi ora loronkari siji yaiku kang den arani iman tauhid , tegese iya mengkono iku imane wong ahli tauhid wong ahli haqiqot kang sejati…

7. IMAN MA’RIFAT
Yaiku uga imane wong ahli haqiqot dene iman ma’rifat iku mangerteni bafdan alus kang ana sajrone badan wadak, lan mangerti bakale , gawene, dadine, penggaweane, wijude, rupane jenenge, manggone, lan kang dienggoni, lakunelan kang dilakoni, kang mlaku lan sapiturutipunyaiku kang aran Ma’rifat…
Percoyo koyo mengkono iku kena den arani iman Ma’rifat ya ngerti kabeh mengkono iku mau kanthi dibarengi haqiqot lan kena den arani ahli haqiqot lan ahli ma’rifat lan kena den arani iman KAMIL

8. IMAN HAQEQOT
Yaiku iman sejati ,sejatine iman utawa kena den arani iman ghoib tegese iman wong ahli Arifin, dene iman wong ahli Arifiniku imane poro Nabi lan poro waliyulloh lan poro mikmin HAQ…

9. IMAN GHOIB
Yaiku imane wong kang kudu percoyo marang kang ghoib soale wong kang percoyo iku kudu ngerti disik marang kang ghoib ora absah menyang sejatine Alloh yen durung ngerti sejatine Alloh…sejatine sing diarani “WALLDZINA YU’MINUNA BIL GHOIBI “ YAIKU WONG KANG NGERTI GHOIB lan sing biso “ YUKIMUUNASSHOLAH..”
Yen ora ngerti kang ghoib ora bisa iman ghoib ya banjur bisa “YUKIMUUNASSHOLAH..” SATEMENE KANG DEN ARANI Ghoib iku Alloh sing akbar iku A’LAM…yen wis iman Alloh lan Akbar tegese wis kumpul Alloh lan Akbar , sawise Akbar banjur Ghoib, tegse kang den karepaken yaiku Akbar ilang kari Alloh yaiku jenenge Sholat..
Dadi yen durung iman Ghoib ,berarti durung YUKIMUNASSHOLAH…yen durung Yukimunasshilahberarti durung ngerti ghoib..mula iki kaweruhana sing temenan marang wong kang wis ngerti ing sejatine…

10. IMAN GHOIBUL GHOIB
Yaiku kena den arani iman Arifin lan kena den arani Samara Samar, HU Aku Alloh ucape wujud, Wujude Alloh, Alam teles dunya, Teles Akhirat, Teles kabeh , mung kari Alloh, Kana Alloh, kene Alloh, kono Alloh , Iki Alloh, iku Alloh lan spiturutipun..


11. IMAN BAQO
Yaiku Iman arti langgeng.. tegese iman teges tetepe iman, uripe iman, matine iman, meleke iman, turune iman, mlakune iman, mandek iman, obahe iman, menenge iman, teges kang den karepaken yaiku percoyo lan eling ora pedot babar pisan…

12. IMAN BAQO’UL BAQO
Yaiku uga imane wong Arifin yqiku sing ora tau metu sangka Alloh lan sangka bumine Alloh babarpisan..


13. IMAN KAMIL
Yaiku Imane wong Arifin yen disawang khowariqul adat yaiku Kyai ora tau sholat yen sholat ana nang ngendi ngendi yen sholat terkadang petakilan terkadang jaranan, terkadang ana bong-bongan bata, terkadang ngambungi begenggek, tapi yen pinujukaya mengkono ora kena den lakokake yen dilakokake utawa diina, sing alok dibendoni gisti Alloh, mula aja ngina sing deweke ora ngerti..

14. IMAN KaMILUL INSAN
Yaiku iman ahli Arifin yaiku terkadang kelakuane kaya wong gendeng kaya wong kepalang ,terkadang kaya wongkere terkadang kaya wong beluntah, wis laku maksiyat terus-terusan perlune angger ben ala ketara apik babar pisan, tur sejatine ngerti “ ISYIQ, ASYIQ, MA”SYUQ, lan kena diarani ngerti wijine antii, tukule antii, wohe antii, dadi wiji maneh lan ngerti kumpule lan pisahe, ngerti kumpule maneh, antii dadi siji, antii wungkul maneh, pokoke diarani iman Kamil mukamiliku dadi awit asal sangka wungkul dadi wungkulmaneh..
Wis HUWA Ku ALLOH lan kena den arani dhohire ning komplek sejatine ning Dzatulloh. Dadi AmorAlloh enggone ora ning mesjid dunya kono ,kudu ning mesjid samar, mesjid samar iku ana ing tengah- tengah ara-ara tarwiyah ..dadi iaya ning alas, ning koyho, iya ning komplek iku luwih nyamri
Kang durung ahline ora bisa ngerti marang sejatine wong iku sing iso ngerti ing sejatine wong iku mung sing iso amor Alloh..Wong sing amor Nurulloh blaka, iku uga kelabu imane kamil mukamil,nanging yen biasa maqome ora baqo..








DRAJATE MENUNGSO

Dene ing tuliasan mengkene badhe nyiratake drajate menungso kang isih oleh pitulung, tegese isih oleh pitulung dening Alloh..

1. DRAJAT UBAD
YAIKU drajate bocah kang isih cilik utawa drajate preaman kang dadi gelem nglakoni perentah krana ana upah..yen sholat ,poso, zakat, kaji, ngaji, wiridan, maca al-Qur’an lan kebajikan liyane kang den kerjani amung ngarep arep marang ganjaran, babarpisan ora ana kang kliwatan, kabeh amale jaluk ganjaran yaiku kang aran drajat Ubad..

2. DRAJAT MIHIBBIN
Yaiku drajate wong demen, tegese demen marang Allo, perkara upah kari sak kersane Alloh, Dhohir lan Bathine ora duwe pengerep-arep babar pisan kaya mengkonoiku drajate muhibbin. Amung ngemban dawuhe Alloh marang Nabi Muhammad..

“Qul ingkungtum tuhibbuunalloha fatuhibbuunitahbibkumullohu wayaghfir lakum dzunubakum..”

Tegese hai Muhammad umatmu kabeh critanan..Hai umatku kabeh yen temen-temen demen siro kabeh gelem nindakake perintah gusti Alloh kaya olehe ingsun nindakake, siro kabeh bakal den demeni rarang Alloh den ngapura kabeh keluputan dhohir lan bathine

3. DRAJAT MUTTAKIN
Yaiku drajate wong kang wdi marang alloh malah –mlah dewekw iku ngrumangsani dadi kawulo, yen kasi ora nindakake perintahe Alloh kuatir yaen bakal den sikso utawa den bendhoni den uring-uringi, oara krane-a ngarep-ngarep upah jalaran kaya mengkono iku ningali dawuhw Alloh

“ Ya ayyuhannassu’budu robbakumulldzi robbakumulldzi holakokum walldzina ming koblikum la’allakum tattakum fattakunnarollati wakuduhannasu wal hijaroh u’iddat lil kafirin..”

Tegese Hai eling-eling poro menungso kabeh pada mbektia tegese oada nindakake kang dadi perintahe pengeran iro kabeh, iya iku kang dadekake ing wong – wong sing sadurunge iro kabeh…yen pancen siro kabeh iku pada dadi wongkang rakwa wedi marang siksa neroko, jalaran urup-urupe saking menungso lan lan watu..iya iku kang den arani drajate Muttaqin


4. DRAJAT SHOLIKHIN
Yaiku drajate wong kang ahli adab,tegese tatakrama marang Alloh dewekw rumangsa dadi kawulane Alloh tunduk marang Alloh..kuatir yen keluputane lan andap asor marang alloh. Nganti ndingkulkake raine tansah eling marang pengeran lan kanthi nyuwun tinarima amal lan tansah eling supaya dibales amale kanthi diparingi suwargo..
Kang nikmat kelawan Ridhone Alloh, lan ngedihi laku maksiat kabeh lakune kantji ati-ati mung sayange ora fana sifat, ora fana asma, ora fana Af’al, lan percoyo Alloh iku pengeran iku Gusti..olehe kaya mengkono iku gandelan dawuhw alloh
“Wabassirilldzina amanu wamilussholihati anna lahum jannating tajrimintahtihal anhar..”
Tegese ..Hai Muhammad bebungahen umatmu kabeh yaiku wongg-wong kmau pada kang pada percoiyo yen Alloh iku pengeran, lan pada nglakoni ing kebecikan lan supoyo wong2 iku mau pada dnduweni bagian suwargo, ya suwargo iku panggonan kang akeh nikmate, nganti saking nikmate iku mau den serupakake kaya miline banyu bengawan lan kabeh nikmat iku mau pinangka kanggo rizqine ahli suwargo kono..

5. DRAJAT ARIFIN
Yaiku drajate para Nabi lan poro wali yaiku drajate wong kang ngerti bakale lan ngerti gawene ,ngerti dadine, ngerti omahe, manggone,papane lan ngerti lungane.Wong kang ora ngerti balike, mulihe lan ngerti mapane dadi banjur ora rumangsa duwe bakal, gawe, dadine, omahe, manggone,papane, gawene, nikmate,polahe, wujud rupa lan sapiturute kabeh ora rumangso duweni jalaran kabeh mau mung kagungane alloh…
Krana kabeh mung wujud ngadam,sing ngadam wujude, sing wujud ngadame, apa meneh kok ngamale wujud wae ora nduwe,urip ora nduwe. Mula kaya mengkono iku pada ngertenana sing temenan, yen kasi ora mngerti banjur ngaku barang deweke, iku jajal pikiren sing temenan,mumpung durung kebacutlan sopo sing ngerti sejatine Alloh yaiku ngerti sejatine awake dewe banjur bakal ngerti ing sejatine Alloh.ya kaya mengkono iku mula banjur Alloh dawuh mengkene

“MAN AROFA NAFSAHU FAQOD AROFA ROBBAHU..”

Tegese.. yen sopo wonge ngerti marang awak deweke mangka bakal ngerti ing sejatine pengerane..”






ALAM AKHADIYAH

Dene utawi kang kasebut ing dalem judul AKHADIYAH iku pembahasan kang kaping lima,tegese alam kang isine ora liya kejaba mung Alloh lan kena den arani Alame Alloh..
Nalika dereng berahi , alam Akhadiyah iu kena den arani LATA’YUN ,tegese dereng wonten kang ngertos marang sawijine Alloh nalika samana iku kena den arani isih WANGWUNG, lan ono kang ngarani isih GUNG LIWANG LIWUNG mboten wonten nopo-nopo babarpisan sing ono isih Alloh blaka…

“ALLOHU WAHDAHU LA SYARIKALAHU..”

Tegese ..Nilika Akhadiyah iku mboten wonten nopo-nopo kang enten mung Alloh dewe mboten wonten kangngancani kaduwe Alloh babarpisan..
Lan enten keterangan ono ing kitab suci Al-Qur’an..

“QUL HUWALLOHU AHAD..”

Tegese..dawuhe Muhammad marang umat kabeh ,yen sekatine Ailloh iku nalika isih Akhadiyah, sing wujud iku Alloh Taala dewe, regese nalika Akhadiyah iku langit, Bumi, dereng wonten, kena den arani jagad dereng wonten, srengenge dereng wonten ,kabeh alam uga dereng wonten.Alam dunya dereng wonten, alam akhirat derwng wonten lan kabeh makhluk dereng wonten, sing ono mung Alloh dewe,wujude Dzat dereng wonten Sifat…
Sifat isih sifat Jalal dadi isih wujud tunggal,urip tunggal,rasa tunggaltegese wujud dewe tanpa ono kang maujudake, urip dewe tanpo ono kang nguripake,jumeneng dewe tanpo ono kang jumenengake,awal dewe tanpoono kang ngawitake,Akhir dewe tanpo ono pungkasane, siji ora ana wilangan..ya kayo mengkono kang diarni WUJUD MUTLAK KELAWAN ITLAK…lan kena den arani WUJUD MAHDHI tegese sing wujud isih sakweca Alloh Ta’ala yaiku ora liya meneh kejaba Alloh Ta’ala dewe…

Dene wujud Alloh Ata’al nalika ing alam Akhadiyah iku wujudiyah tegese wujud padang gumilang ora kaoyo padange srengenge lan ora koyo padange rembulan lan ora koyo padange lintang lan ora koyo padange damar babarpisan…Ora ono kang madani sekabehane wujud neng alam dunyo iki yaiku kang diarani WUJUD NUR,tegese wujud NURULLOH kang diarani NURJATI tegese wujud sejatine Alloh….





ALAM WAHDAH

Dene alam Wahdah iku kawitane berahine Alloh Ta’ala yaiku sawijine Alloh TA’ala arep kersa nyatakake AF’Ale Alloh Ta’ala. Nyatakake kuasane Alloh Ta’ala lan nyatakake wujude sifat NURULLOH kang diarani sejatine Nur Muhammad yaiku kang diarani MUHAMMADIYYAH lan kena den arani Sejatine Muhammad..dadi bener orane nyatakake wujud sifat tapi Sifat mau isih sinempen ing dalem Dzat tegese NUR MUHAMMAD iSIh SINEMPEN ing Dalem NURULLOH…

Kena den arani Nur Muhammad isih sinempen ing dalem LINTANG JOHAR kena den arani Dhohir isih sinempen ing dalem Bathin..Bathin sinempen ing dalem Ghoib..
Dene wujude LINTANG JOHAR iku mau kaya kendil rupane mencorong genine tanpo ono wangwane, ketingal gumantung tapi ora ono cantelane ,ketingal murub tanpo ono sumbune lan tanpo lengo, lan urube ora koyo urube damar ,ora koyo listrik, murube ora ono kang madani…

Mula pada eling-eling yen sajrone dhohir –iku ono bathin, sajrone bathin ono ghoib, mula iku ya contoh asale NURULLOH..banjur NURULLOH nglairake LINTANG JOHAR, lintang johar nglairake NUR MUHAMMAD NUQOTH GHOIB ROH IDHOMI..
NUR MUHAMMAD NUQOTH GHOIB ADHOMI banjur nglairake AlAM KABEH..
Mula kena den arani wijine kabeh alam iku lintang johar . lan kena den arani wijine kabeh alam iku Nur Muhammad mula mangertia nalika waktu LADZI , tegese kang den karepaken Wektu LADZI iku nalika wektune Alloh Ta’ala arep kersa nglairake Nur Muhammad kanthi sempurno…

Tegese arep nyempurnaaken Keberahiane yaiku kersa ngetoake cahyo murub, olehe ngetoake sangka lintang johar kang den arani sejatine Nurulloh, iku mau tumetes dadi roh Idhomiyaiku calon dadi Wadahe Nur Muhammad, nuli ngetoake cahaya putih utawa diarani Nur Putih olehe ngetoake uga sangka lintang johar, iku tumetesdadi Nuqoth ghoib KANG CALON DADI RASANE Nur Muhammad, nui ngetoake cahaya luhur utawa diarani NUR LUHUR, olehe ngetoake yga sangka NURULLOH kang diarani lintang johar iku mau tumetes wujud kaya kaca bening tur kang bersih tur kang mencorong tur kang padang tanpo ana kang madani ,rupane agung tur luhur yaiku NUR MUHAMMAD arane…lha kang telu iku mau anjur den dedekake sawiji dening ALLOH…

Dene carane ndadekake mengkene Nur luhur kang diarani Nurr Muhammad iku mau dipulas kelawan Nur Putih kang diarani Nuqoth Ghoib, nuli dipanjengake Nur Murub kang diarani Roh Idhomi iku mau kanthi sempurna nuli kena diarani wujud Nur Muhammad iku wis sempurna, nuli diasmani NUR HAYAT MUHAMMAD…

Sawise mengkono Nurul hayat Muhammad iku disimpen dening Alloh ana Sajrone NURULLOH, wektu iku kena den arani LATA’YUN AWAL.. tegese mulai ketingal kebrahinane Alloh..dadi wektu samono iku kena den arani Dzat wis nglairake Sifat tapi pada ngertia satemene Alloh nglairake kebrshinsne kang kaya mengkono iku mung sawijine Alloh Ta’ala Dewelan kersane Alloh Ta’ala dewe..

“INNALLOHA KHOLAQO KULLI SYAEIN WAHDAHU..”

Tegese….Suwijine Alloh kersa ndadekake opo wae iku mung sawijine Alloh Ta’ala dewe, tegese mung kersa Alloh dewe lan kuasane Alloh dewe…





ALAM WAKHIDIYAH

Dene alam Wakhiiyah iu den arani TA’YUN SYANI yaiku suwijine Alloh ngumpulake sifat Jalal lan Sifat Jamal. Sifat Jalal den arani Nurulloh, Sifat Jamal den arani Nur Muhammad . Nurulloh den arani Nur sejati utawa Dzat sejati, Nur Muhammad den arani Sifat sejati, nurulloh den arani lanang sejati, Nur muhammad Wadon sejati…

Dene nalika kumpule Nurulloh lan Nur muhammad iku antarane lawas wis 50.000 tahun kasi ora kena den bedakake kumpule Nurulloh lan Nur Muhammad..
Kaya dene kumpule lanang sejati ,arang wadon sejatitegese kang aran Wakhidiyah iku yen di serupakake Wetenge Nur Muhammad, lan kena den arani wetenge wadon sejati.. wektu semono iku metengake sekabehane alam, mula kena den arani kumpule Nurulloh lan Nur Muhammad banjur ana patutane yaiku Kabeh alam seisine…
Dadi alam kabeh seisine iku kena den arani patutane Nurulloh lan Nur Muhammad lan kena den arani Wujud alam kabeh saisine iku patutane careme Nurulloh lan nur Muahammad..
Dadi kena den arani ana alam yen ora ana Wakhidiyah, ora ana Wakhidiya yen Ora ana Wahdah, Ora ana Wahdah yen ora ana Akhadiyah, Ora ana Af’Al yen ora ana Asma, ora ana Asma yen ora ana Sifat, ora ana Sifat yen ora ana Dzat..

Mula mangertia yen satemene kabeh iku mau mung Alloh sing Ngagungi, mula aja pisan-pisan ngaku deweke jalaran iku mau kagungane Dzat yaiku Alloh..dadikabeh AKBAR iku kagungane Alloh. Dedi yen wis eling lan wis ngerti banjur dumunung yen kabeh alam lan wakhidiyah lan Wahdah iku mung kagungane Akhadiyah, Tegese kagungane Alloh blaka yaiku kena den den arani sempurna sahadat lan takbir, Sholat, Zakat, Kaji, Iman, Tauhid Ma’rifat ilmu, urip, pati, lan sampurnane sempuna..

Jalaran kaya mengkono iku kena den aranni ngerti asale, gawene, lungane, mulihe, dadine, arane, elinge, omahe, manggone, kang dienggoni, papane, mapane, ngerti tekane lan ngerti kang ditekani, ngerti pisahe lan kumpule, ngerti pecahe lan wutuhelan ngerti wungkule..

Dene Alloh ndedekake kabeh kang dumadi iku mung sawijine Alloh dewe..

“INNA KHOLAKOKUM BILWAKHIDIYYATI KHOLAKTUKA LIAJLI WAKHOLAKTUKAL ASYA-A LIAJLIKA WALLOHU BIKULLISAY’IN A’LIM…”

Tegese.. dawuhw Alloh ana ing kitab Al-qur’an iku mengkene
Satemene ingsun ndadekake ing siro kabeh iku mung sawijine ingsun dewe, lan ingsun ndadekake ing siro Nur Muhammad iku krana pertelane kagungan ingsun lan ingsun ndadekake ing sekabehane kang dumadi iku krana pertalane kagungane iron Nur Muhammad, lan satemene kang nguasani kabeh kang dumadi iku mung Alloh Ta’ala…
Dene sawise sempurnane kang dumadi yen Nur Muhammad anatara 50.000 tahun iku sinempen ana Nurulloh iku mau, tumuli sawijine alloh banjur hadir ana arahe Nur Muhammad iku mau Kanthi Dawuh mengkene..

“ALASTU BIROBBIKUM..”

TEGESE.. Apa dudu ingsun pengeran iro Muhammad..
Ing ngriku Nur Muhammad tumuli enggal-enggal matur marang suwijine Alloh..mature mengkene..

“QOOLUU BALAA..”

Tegese… olehe matur Nur Muhammad mengkene.. Inggih panjenengan dalem punika Gusti pengeran dalem..tumuli Nur Muhammad enggal-enggal sujud marang suwijine alloh Ta’ala rambah kaping lima suwene mangsa sujud iku 50.000 tahunyaiku aweh isyarat yenta kanjeng Nabi Muhammad sak umate calon diferdukake nindakake Sholat 5 wektu ing dalem sadina sawengi…

Sawise mengkono tumuli sajine Alloh madep marang arahe Nur Muhammad kanthi Dawuh..

“ KUNG FAYAKUN..”

Tegese.. ana sekabehane alam ing wektu samono iku sekala banjur ketingal wujude alam, kabeh kanthi jodo-jodo shurah ukure kaya wijude langit lan bumi lan sapitutipu..
Iya iku TA”YUN TSANI arane tegese wis ketingal kagungane Alloh lkawan diweruhi sekabehane alam yaiku kang diarani Alam Akbarlan den arani Alam Wakhidiyah.. tegese kang diarani alam wakhidiyah iku suwijine Alloh wis kersa ndadekake sekabehane lam lan wis kersa ngratono sekabehane Alam…
Dene Sifate Alloh sawise ana alam Wakhidiyah iku Kahar tegese Murba lan wasesa mula disebut sekabehane alam iku jalaran akeh siji-sijine ,akeh isi-sisine alam, dene kabeh iku kena den arani Wadah, utawa omah utawa den arani Negoro utawa segara..

Siji diarani alam Akhadiyah yaiku kena den arani SIRRI, lan kena diarani Batu tegese alam Alloh nalika isih ghoib, yen nalika semono iku satemene alame Alloh kena den arani isih Dzat sejat. Tegese isih wujud MUTLAQ, klawan ITLAk
Alloh den arani SIRRI lan isih Bathin krana wujude isih Dzat sejati durung ana sifat, asma, lan durung ana af’al banjur ahadiyah nglairake Alam Wahdah, olehe nglairake cerwme Alloh mengkene..

“ABFA LAFDULLOH..”

Iku den arani sifat KOHAR yaiku nyata dadi Qolam sejati, Qolam sejati nyatakake wujude Dzat sejati

“LA MAN LAFDZULLOH..”

Kang awal iku den arani sifat jalal nyata dadi Banyu yaiku nytakake wujud sifat sejati..

“LA MAN LAFDZULLOHU..”

Kang akhir iku den arani sifat jamal nyata dadi mangsi yaiku nyatakake wijude asma telu kang diaku wujud tunggal..

“HAASYA LAFDZULLOH..”

Iku den arani sifat kamal yaiku nyata dadi wadah yaiku nyatakake wujude Af’al kang sawise mengkono banjur NURJATI nglirake NURSIFAT, banjur kena den arani DZAT, dadi kena den arani ana Bapak sawise ana Anak…
Dadi sejatine Akhadiyah iku nglairake Wahdah tapi ora ketingal wujude Akhadiyah sadurunge ana Wahdah, ora ketingal wujude Wahdah sadurunge ana Ahkhadiyah,lan ora ketingal Wujude Wakhidiyah sadurunge ana alam arane,ananging Hqiqote Sifat, Asma, Af’al, ora ana maneh kejaba duwene Dazat lan wujude Dzat lan Rupane Dzat lan arane Dzat lan penggaweane Dzat..

Mula mangertia yen sejatine Alloh iku Dzat utawa anane Dzat sejati… yen Nur Muhammad iku sifat sejati anane yaiku arane nyatane Dzat Mutlaq..
La yen Adam iku anane Rohul jati lan anane asmajati menungso iku anane Roh Idhomi yaiku anane Af’al jati..
Dadi Alloh iku Dzat kena den arani anane pengeran ..dene Muhammad iku Sifat lan kena dena arani negarane pengeran
Dene adam iku Asma kena den arani Kratoane pengeran..

• Mula banjur kena den arani alloh iku Dzat, Sifat,Asma, Af’al…..
• Dene Muhammad iku kena den arani Wujud, Ilmu, Nur, Syahud…
• Dene Adam iku den arani Qolam, Rasa, Urip, Budi…
• Menungso iku kena den arani Wadi, Madzi, Mani, Man ikem…

- Mula diarani Alloh Dzat, Sifat, Af’al, jalaran Dzat iku tegese bisa nyatakake wujude sifat jalaran Dzat sejati arane…
Dene kang den aran sifat Jalal iku Lintang Johar arane, utawa den arani Johar awal , utawa den arani Nurulloh, utawa den arani Nurjati, banjur Nurulloh bisa den nyatakake wujud sifat Jamal yaiku Nur Muhammad…Tegese bisa nyatakake rupane Dzat klawan rupa kang pantes, banjur sifat Jamal utawa Nur Muhammad iku mau bisa nyatakake Asma, tegese nyatakake aran kang tanpo jumbuh..

- Dene Af’al iku tegese bisa nyatakake gawe lan penggawean kang tanpo kucina..Dene Nur muhammad olehe diarani wujud ilmu syuhud iku tegese wujud kang bisa nyatakake wujude Dzat Mutlaq yaiku alam kabeh saisine..tegese ilmu iku nyata dadi wadahe Dzat utawa den arani Negorone Dzat utawa diarani Kratone Dzat utawa den arani omahe Dzat tegese Nur iku nyata dadi cahayane Dzat..Tegese Syhuhud iku nyata dadi peningale Dzat tegese nyata dadi kenyataane Dzat

- Dene Adam olehe den arani Qolam, Rasa, Budi, Urip, iku mengkene..
Qolam iku nyata anane Aqol
Rasa iku nyata anane Eling
Urip iku nyata anane Roh urip Idhimi utawa Roh urip anguripi
Budi iku nyata anane Pakemi lan wicaralan penggawe kang ketingal mata…

- Dene menungso iku olehe den arani Wadi ,Madzi Mani, Manikem iku mengkene..
Madzi iku nyatakake Abange Netra
Wadi iku nyatakake Kuninge Netra
Mani iku Nyatakake Putihe Netra
Maniken ikun nyatakake Irenge Netra

Banjur kaweruhana aran SINI DHOHIR yaiku kang nden arani Muhammadiyah tegese Muhammad selagine Ghoib lan kena den arani sifat sejati, sejatine Sifat yaiku Wahdah sinempen ing dalem Akhadiyah arane..


WAHDAH NGLAIRAKE WAKHIDIYAH

Ing dalem pembahasan iki badhe den teranngaken masalahWahdah nglairake Wakhidiyah nganti saisine yaiku anane Muhammad nglairake kabeh ALAM kang dilairake sangka Wakhidiyah…

“…MUHAMMAD…”
Krana lafadz Muhammad iku nerangake mengkene…

1. ( MIM )
MIM kang awal iku kang den arani Mim Ma’rifat krana Mim-e lafadz Muhammad kang awal bisa nglairake anane Pengambu Grana…

2. ( KHA )
KHA lafadz Muhamamd iku den arani KHA – Haqiqot krana Kha-e lafadz Muhammad iki bisa nglairake Peningal Mata…

3. ( MIM )
MIM kang akhir iku den arani MIM toriqot krana Mim lafadz iki bisa nyatakake Pengrungu Kuping…

4. ( DAL )
DAL lafadz Muhammad iku kena den Arani Dala Sareat krana Dal-e lafadz Muhammad iku bisa nyatakake Pengucap Lisan…

Mula lafadz Muhammad iku den arani bisa nglaiarake Jisim , jasad wong, jalaran Muhammad iu bisa nglairake Geni, Banyu, Bayu, lan bumi..
• Geni bisa nyata dadi kulit ,daging, otott, getih, mula iku mau nyata panas
• Bayu bisa nyata dadi nafas, Nufus, Roh, Rasa banjur bisa nyata obah lan usik..
• Banyu bisa nyata dadi peningal, pengrungu, pengambu, pengrasa, banjur bisa nyata sempurno..
• Bumi bisa nyata dadi Tata Tentrem..

Dene sempurnane kabeh iku mau lan kumpule iku banjur bisa diarani jisim…jasd badan wqng .. tegese jisim iku nyata sirah lan iya rusak maneh..nyata banyu iya nyata rusak maneh..nyata anane gigir iya nyata rusak maneh, nyata siku ya nyata rusak maneh..nyata wujud otot iya rusak maneh nyata wujud daging ya nyata rusak maneh..nyata wujud kulit ya nyata rusak maneh..

Dene nyata den arani wong iku anane Ambu ikunyata ana irung…
Dene anane warna iku ana ing mata..
Dene anane rasa iku ana ing Kuping…
Dene anane kandah iku nan aing lisan…

Dene yen iku mau wis bisa sempurna wis bisa sirna sekabehane sifat 20, tegese wis ora nganaggo sifat 20, sifat 20 wis ana kono…banjur kena den arani Dzikir sareat, Dzikir toriqoh, Dzikir Haqiqoh lan Dzikir Haqiqoh lan Dzikir Ma’rifat…
1. Dene Dzikir Sareat iku eling eling ing isisne kaimat ASHADU ALLA ILAAHA ILLALLOHU WAASYHADU ANNA MUHAMMADARROSUULULLOH..YAIKU tegese elig lan ngerti satememne ora ono pengeran kejaba mung Allh lan eling lan ngerti satemene Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Alloh..
2. Ddene kang diarani Dzikir Thoroqot iku eliing isisne kalimat LAA YA’BUDU ILLALLOH… teges eeling lan ngerti ora ono kang wajib ditaati dhohir lan bathine kejaba mung Alloh…
3. Dene kang aran Dzikir Haqiqot iku eling lan ngerti isine LAA MAUJUDA ILLALLOH.. Tegese eling lan ngerti satemene ora ana kang maujud sejati lan wujud sejati kejaba Alloh…
4. Dene kang diarani Dzikr Ma’rifat iku eling lan ngerti isine kalimat LAA YA’RIFU ILLALLOH..Tegese eling lan ngerti yen satemene ora ana kang ngerti kejaba mung Alloh…


Mula mangertia yen satemene siro arep dzikir patang perkara iku kudu asal mlane, tegese ngerti Bakale lan ngerti Gawene lan ngerti dadine lan ngerti omahe lan mngerti manggone lan ngerti papa e la ngerti mapane lan ngerti lungane lan gerti mulihe lan ngerti tekane lan ngerti pisahe lan ngerti kumpule lan ngerti pecahe lan wungkule..

Yen wis mengkono banjur kena den arani sempurno yen wis sempurno banjur diarani Dzikir Bathin..
Dzikir Bathin iku kudu nganggo perabot lima perkara…
1. LESAN
2. ATI
3. ROH
4. ROSO
5. BARZAH
Carane praktek iku lesan ngucapake LAILAHA ILLALLOH..Banjur atine kudu eling yen ora ana kang wajib dn sembah lan ditaati kejaba mung Alloh..banjur Roh-e angen-angen lan eling yen ora ono wujud sejati kajaba Alloh lan sejatine Urip iku Uripe Alloh …Banjur rasane iku kudu eling lan ngerti yen satemene Rasane iku Rasane alloh …Banjur Rasane Rasa iku kudu eling Akhadiyah Wahdah lan Wakhidiyah..
Yen wis tutug banjur kena den arani Syahadat sempurno, lan islam sempurni, iman sempurno, tauhid sempurno, Ma’rifat sempurno..Badan tapo ucap tanpo polah tanpo amor makhluk kari Alloh yaiku kang diarani Nabi ya Wali ya Mukmin..yen obah Nabi yen meneng wali yen ngucap mukmin arane..









DUNUNGE SEKABEHANE LAFADZ ( AL-BISMILLAHIRROHMANIRROHIM )

1. ( ALIF )
Aliif lafadz Al- Bismillahirrohmanirrohimiku kena den arani Alif Dzatul Wahid lan kena diarani Alif Ahadiyah yaiku tandane anane Dzat sejati lan kena den arani Alloh isih Ghoib lan anane Alloh nalika durung berahi Alloh iku wujud Mahdhi…

2. ( LAM )
lam-e lafadz Al-Bismillah iku den arani Lam Tholabiyah yaiku tanda Alloh arep Berahi tegese tanda yen Alloh wis arep nyatakake wujud Datulloh yaiku katon gumebyar padang tanpa wangenan tanapa wekasan kang diarani Nurul Dzat tegese Nure Alloh kang jejuluk lintang Johar kang bisa nglairake Nurussifat lan kang bisa nyatakake wujude sifat..
Ya wektu semana iku kena diarani sifat isih sinemen ing dalem Dzat lan kena diarani sifat isih Ghoib lan kena diarani sifat durung ana, sing ana isih Dzat sejati lan sifat sejati, sejatine Dzat..
Mula Alif iku kena den arani Alif Dzatul Wahid lan kena diarani Alif Ahadiyah lan kena diarani Alif Iman..lan kena diarani Alif Tholabiyah lan diarani Lam Tholabiyah lan kena diarani Islamiyah..
3. ( BA’ )
Ba –e Lafadz Al-Bismillah iku diarani Kawitan, tegese Ba-e lafadz Al-bismillah iku kang bisa nglairake nyatakake Dzatulloh lan dadi kawitane nyatane sifatulloh yaiku nurul Dzat tegese Nurulloh. Nurulloh banjur nglairake wujud…
Wahdah iku ketingal kaya wahdah uga gedene tanpo wangenan tanpa wekasan banjur Wahdah nglairake Nur Murub utawa Wahdah iku nyatakake wujude Nur Murub tumetes dadi Roh Idhomi, pinangka dadi wadahe Nur Muhammad, nili nyatakake wujud cahaya Putih, metune uga sangka wadah kang diarani Alam Wahdah iku mau tumetes dadi Nuqoth Ghoib, pinangka dadi rasane Nur Muhammad…

Nuli nyatakake cahyo luhur ,metune uga sangka Wa dah kang diarani Alam Wahdah iku mau tumetes dadi Nur Muhammad yaiku wujude kaya kaca bening tur bersih,tur kang mencorong, tur kang padang, rupane agung ,luhur tanpa ana kang mbandingi lan tanpa ana kang Madani, kang diarani cahaya luhur kang dadi wijine sekabehane Alam..
Sawise mengkono banjur suwijinw Alloh Ta’ala kersa dadi sempurnakake keberahinane kanthi nganggo cara yaiku ngumpulake Nur Muhammad ,Nuqoth Ghoib lan Roh Idhomi..
Dene carane ngumpulakake iku Nur Muhammad kepulas klawan Nuqoth Ghoib , banjur kepanjengake marang roh Idhomi klawan sempurna, yaiku kang den arani Teluning Tunggal,banjur diarani wis sinempen wujude nur Muhammad ,banjur Nur Muhammad iku dijenengi NURUL HAYAT MUHAMMAD , tegese wujud padang tur Urip tur dialem , banjur ketingal nyata sifate Alloh kanthi sempurno yaiku kang diarani TA”YUN AWAL..

Sawise mengkono banjur Nurul Hayat Muhammad iku disimpen dening Alloh, disimpen dening Alloh ing dalem Nurulloh dadi kesimpen Nurul Hayat Muhammad ing dalem kamar kakumpulake karo temanten kakung..
Dene temanten kakung iku diarani Nur Alloh kang diibaratake lanang sejati utawa diarani Lanang sejati ,dene temanten pitri iku diarani Nurul Hayat Muhammad kang diibaratake wadon sejati utawa den arani Wadon sejati…

Dene Kumpule Nurulloh lan Nur Hayat Muhammad mau kasi ora kena den bedakake wujude lan rupane babar pisan hingga lawase mangsa 50.000 tahun… sawise genap 50.000 tahun careme Nurulloh lan NURUL HAYAT MUHAMMAD iku mau banjur Nur Muhammad ketingal Ngandul yaiku ngundulake sekabehane Alam..

Tumuli suwijine Alloh ngadep Nur Muhammad kanthi ndangu marang Nur muhammad pendangune mengkene..

“ ALASTU BIROBBIKUM…”
Jawabe Muhammad…

“ KOOLUU BALA..”
Mula banjur ana tembung jawa kumpule lanang sejati lan wadon sejati iku den arani RABI, asal mulane miturut nalikane Nurulloh lan Nur Muhammad banjur ana pendangu “ ALASTU BIROBBIKU..” Iku mau..

Sawise mengkono banjur Nur Muhammad sujud marang alloh tanda bekti marang suwijine Alloh kang lawase uga 50.000 tahun olehe sujud uga kaping lima (5) dadi saben –saben sasujudan lawase mangsa 10.00 tahun yaiku krana syukur nikmat anane kumpule lanang sejati kang diarani Nurulloh lan Nur Muhammad…
Mula kanjeng Nabi Muhammad sak umate iku mau diferdoake sholat 5 (lima) wektu ing dalem sadina sawengi, krana sholat 5(lima ) wektu iku
Dadi tanda syukur nikmat anane kumpule lanang sejati marang wadon sejati tegese yaiku Kumpule URIP LAN RAGA…
Dene Urip iku den arani lanang sejati ,raga diarani Wadon sejati
Mula yen sholat iku kudu eling Urip lan raga iku mung kagungane Alloh yen ora eling kaya mengkono iku dudu Sholat . dadi kang jeneng sholat iku ora kena wujud loro (2) kudu wujud tunggal ,Urip Tunggal mung kari Alloh ,mengkono kabeh isine hufuf BA-e lafadz Al-Bismillah…

4. ( SIN )
Sin lafadz Al-bismillah iku nuduhake Ilmu Telu (3) lan Asma telu (3)
Ilmu Telu iku pengertiane mengkene….
• Mangerteni Akhadiyah
• Mangerteni Wahdah
• Mangerteni Wakhidiyah
ASMA telu (3) iku pangertiane mengkene..
• Alloh
• Rohman
• Rokhim Utawa kena den arani
• Alloh
• Muhammad
• Adam Utawa kena den arani..
• Alloh
• Urip
• Jasad
Tegese Akhadiyah nglairake Wahdah lan Wahdah nglairake Wakhidiyah…
• Akhadiyah iku LATA’YUN
• Wahdah iku TA’YUN AWAL
• Wakhidiyah iku TA’YUN TSANI

Mula sawise sempurna wujude nur Muhammad lan sawise didangu lan sawise Nur Muhammad sembah sungkem tanda bekti marang suwijine Alloh Ta’ala banjur Alloh Ta’ala dawuh…
“KUNG FAYAKUN..”
Banjur sekala Alam Wahdah nglairake patutane yaiku wujud wadah kang diarani Alam Wakhidiyah…
Banjur suwijine alloh dangu mengkene…

“KHOLAKTUKA LAAJLI WAKHOLAQTUK ASYYA’A LIAJLIKA WALLOHU BIKULLI SYAI’IN QODIR…”

Banjur sekala Wakhidiyah nglairake kabeh Alam saisine ,banjur ketingal kagungane Alloh Ta’ala kanthi diweruhi kabeh alam yaiku kang den arani TA’YUN TSANI, dene kang diarani alam kang dilairake Alam Wakhidiyah iku ana pirang-pirang Alam..









PERANGANE KABEH ALAM KANG DILAIRAKE ALAM WAKHIDIYAH

Dene alam kang dilairake Alam Wakhidiyah inggih puniko :
1. ALAM ARWAH
Tegese wadah isine sekabehane Roh…kang dadi Roh-e barang-barang kang urip kanthi bernyawa. Sekabehane Roh nalika isih di wadahi Alam Arwah tunggal rupane lan tunggal Wujude
Wujude mung kaya Banyu kentel, rupane putih iku wis mung ngono iku jabeh nyawa …dadi ora ana bedane Roh para malaikat lan Roh para Nabi lan Roh Ulama, Roh bajingan lan roh asu, ketek lan roh apa wae, mula aja pisan-pisan siro kabeh luwih bagus lan luwih luhur lan luwih sempurno, jalaran roh iku nalika isih diwadahi ana alam Arwah iku isih tunggal wujude Tunggal rupane, ora ana bedane babar pisan lan kabeh iku mungkagungane Alloh, lamun kasi rumangsa luwih luhur lan luwih bagus lan luwih sempurno iku kleru banget…


2. ALAM MITSAL
Iku uga wadah isine sekabehane Roh kang wis dipisah lan wis dibedakake wujude lan dibedakake rupane, rupane sekabehane roh iku mau sawise ana alam Mitsal ana kang putih, ana kang abang, kuning, lan ana kang ijo lan biru lan ana kang ireng lan kang dadu..
Kang wektu semana iku wis diarani pisan karo kang nduweni tegese kang kanggonan Roh iku lan wis dipesti pisan masalah frajad lan sugih, miskine, lan bejane, lan patine uripe, mula arane nalika semana iku wis nrimo pandum nalika semana nampa QUDROT TANJIZI, tegese pesten kang ora kena dirobah mbok kaya apa olehe ngakal wis ora bisa rubah babar pisan…
Mula kena den arani…
“KHUSNUSSA BIQOTI KHUSNUL KHOTIMATI SU’USSHABIQOTI SU’UL KHOTIMATI..”

3. ALAM AJSAM
Iku uga wadah yaiku wadah kang wis kanggo madahi oh iku jisim arane lan Roh kang wis diwadahi jisim-jisim apa wae mbuh jisim alus utawa jisim kasar sharoh ukure kaya jisim malaikat lan jisim jin lan jisim syaitan lan sapitunggalane lan jisim menungso lan jisim Rumangkang lan sak pinunggalane…


4. ALAM INSAN KAMIL
Iku uga wadah yaiku wadah kang wis wujude rupa menungso sempurna, tegese manungsa sing wis wujude sempurna tegese jisim lan anggota badane wis komplit, roh lan akal wis komplit kang aran kamil insan iku manungso kang wis sempurna sekabehani, bathine, amal lan ilmune, patine lan uripe ..tegese yaiku manungsa kang wis ngerti uripe lan ngerti patine..lan sakseteruse yaiku kang diarani insan kamil utawa kamilul insan…


5. ALAM DUNIA
Iku uga kena diarani wadah tegese wadah kang isie iku mau werna-werna iku ora ana kang luwih nyenengake mungguhe alloh yaiku isine mung sarwo kecewa, mung adon-adon kang sarwo onya, yen sugih iyo sengsoro,iso sugih susah, sugih kangelan, sugih coba lan sapiturutane…

Mula satemene manggon ana alam dunya iku mungguhe wong kang ahli Alloh ora ngrasakake krasan babarpisan jalaran saking rupane dunyo..kaya-kaya umpamane kon milih.pilih manggon Alam jiwa tapi rasane ora kena milih kepaksa dohire ana alam dunyo dohire neng alam donyo bathine neng alam Kobro yaiku Alloh, dadi yekti Alloh dohir amor wong , bathin amor Alloh , dadi banjur ana longgare dadi wong ahli alloh iku lamun amor makhluk rumangso ora betah…

Dene wong ahli akhirat iku uga betah manggon ana alam dunyo jalaran rumangso ora dewe nikmat, kaya-kaya gandrung banget marang akhirat, amarga akhirat ku ana panggonan nikmat yaiku Suwargo..dene wong ahli donya iku wong wedi mati lan wedi akhirat, adoh banget elinge marang Alloh, jalaran saking gandrunge marang perkoro donya kasi lali marang Alloh lan lali akhirat

Alam dunya iku keperang dadi Papat (4)
1. Alam dunyane Jin
2. Alam dunyane Syaetan
3. Alam dunyane manungsa
4. Alam dunyane malaikat



6. ALAM BARZAH
Diarani alam barzah jalaran alam pakewuh lan kena den arani alam peteng. Alam barzah uga wadahkang isine mung begal kang sarwo medeni kanthi nggawe alat. Dadi yen arep nyambah alam barzah iku uga kudu ngawa senjata telu ( 3 )yaiku :
• IMAN TAUHID
• IMAN BAQO
• IMAN KAMIL MUKAMIL

Yen nganthi ora nggawa senjata telu iku mau siro mesti kalah karo begal , ambok sangat amal ngabekti jagat, mawut kabeh merga dalane sing toni iku kleru, sing jurusan mnyang kutho KHUFROTUN MIN KHUFROTUNNARI.., Koncone neng kono amor makhluk mula senjata 3 iku mau saiki golekno sing kasi temu…ben bisa amor Alloh…ngambah alam barzah amor Alloh dalane oleh dalan kang jurusan menyang kutho “ROUDHOTUN MIN ROUDHOTUL JANNATI..”

Ana kutho kono omah amor Alloh …kang kateges alam barzah iku luwih rupek, luwih peteng , luwih gawat, jalaran barzah iku alang utawa copotngambah alam barzah iku ora usah sangu dunya, ora usahsangu akahirat, ye sangu dunya bakal ora kanggo, sangu akhirat uga kanggo, sangu amal uga ora kanggo lan ngabot-ngaboti…pawelingku yaiu aja pisan – pisan kasi ora ngambah alam barzah…


7. ALAM KUBUR
Alam kubur iku manggona antarane alam dunyo lan alam akhirat…dudu dunyo ya dudu akhirat tegese tengah-tengahe kang tinutur yaiku wadah …dene isine wadah kang diarani alam kubur iku ana loro (2 )
1. ROUDHOTUN MIN ROUDHOTIL JANNATI
2. KHUFROTUN MIN KHUFROYUNNARI

Dene loro-lorone ikumau uga wadah, wadah kang diarani Roudhotun min roudhotil jannati iku isine wong mukmin lan cuwilane kenikmatan suwargo pinangka kanggo kemaremane wong mukmin…
Wadah kang diarani Khufroti min khufritinari ik isine Uripe jin kafir, syaetan kafir,manungso kafir, yaku uripe wong wuto, wong kang tuli, tegese wong wuto iku wong kang ora weruh Alloh lan sing ora weruh bakale lan gawene lan ora weruh dadine, lan ora weruh panggonane, lan ora weruh manggone lan ora weruh kang dipanggoni lan ora weruh uripe lan kang ngeripi lan sapiturutipun…
Iya iku kang diarani wong wuto uripe, banjur sasar pada karo wong sing kebegal ana alam barzah, uripe podo ana ing Khufrotin min khufrotinnari.. amor karo uripe jin lan syaetan…

Mula awit saiki rehne awake iki mati ndang di kubur..yen ora ndang dikubur selak ngambu-ngambuni..krana ambune awak mati iku bacin yen wis dikubur sempurna iku banjur aoa ngambu-ngambuni…


8. ALAM AKHIRAT
Diarani alam akhirat iku wis ora ana alam maneh yaiku alam keri dewe, lan kono kena den arani alam pungkasan iya alam kelanggengan wis ora ana perobahan maneh..iya alam akhirat ikubkena den arani wadah kang isine iku negoro loro (2)..
1. SUWARGO
Negoro suwargo iku dadi negirine wong-wong kang ahli dasarbtaqwa yaiku wong kang

“YU’MINUNA BILLAHI WAYUKIMUNASSHOLATI..”

Tegese wong kang ngerti nyang asale ,ngerti gawene ngerti dadine lan ngerti wungkule lan ngerti peacahe nganti wungkule maneh yaiku jeneng bangsa malaikat lan para Nabi lan pra wali lan poro mukmin haq….
Suwargo iku pirang-pirang omah , omah-omah iku wis pada nggawe nomer dewe-dewe tegese wis nggawe keplak dewe-dewe dadi mug kari nyocokaken keplek de-dwe oara ana kang rebutan nggon lan ora ana kang nesu..

2. NEROKO
Negoro naraka iku negarane syaetan lan jin lan negarane jin kafir lan negarane wong sing kafir…negarane wong sing pada wuta ora bisa weruh asale, ora weruh nggone, ora weruh dadine, ora weruh wungkule, ora weruh pecahe, lan ora weruh wutuhw maneh..
Mula wong islam ahli iman ferdu banget usaha mangertani miturut dawuhe kanjeng Nabi Muhammad mengkene…

“ THOLABUL ILMI FARIDHOTUN ALA KULLI MUSLIMIN WA MUSLIMATIN..”

Tegese satemene yen ora ngerti banjur nyasar yen wis ana alam akhirat banjur manggon ana nang omah negoro neraka yaiku amor uripe syaitan lan uripe jin lan kabeh wong kang wuto merga duso…





ALLOH TA’ALA NGERTIAKEN ILMU HAQIQOT LAN MA’RIFAT MARANG NABI ADAM

Kaweruhana yen setemene Alloh ngerteaken ilmu Haqiqot lan Ma’Rifat marang Nabi Adam sawise Alloh ngersaaken ilmu kang kasebut ing duwur mau banjur Alloh ngupulake poro malaikat…
Tumuli Nabi Adam diadepake marang para malaikat tumuli suwijine Alloh dawuh marang Malaikat..”Hai poro malaikat saiki siro kabeh pada ngertia Iki lho kang ingsun dadeake Kholifah ing muka bumi…tegese kang sun dadeake Ratu ana bumi kang sun namai Nabi adam…kang Sun dadeake luhur , luhure titah Jalal saiki nerangna ilmu Haqiqot lan Ilmu Ma’rifat marang nabi Adam iki yen pancen siro bener temenan…Tumuli sawise mengkono sekabehane para Malaikat iku mau pada ngaturaken kelepatan marang suwijine Alloh sarana kanthi depe-depe..
Ature mengkene “ Duh Gusti kulo ngaturaken kelepatan ,saha kulo sampun bersihaken diri ruh dumateng ngarsa panjenengan dalem bilih sastunipun kulo pancen mboten ngertos menopo-nopo kejawi ingkang panjenengan ngertosaken…mboten wonten malih ingkang ngertos saha wicaksana kejawinpanjenengan dalem…

Sawise mengkono alloh enggal-enggal dawuh marang Nabi Adam dawuhe mengkene…
“Hai kekasih ingsun Nabi Adam, setemene mula siro sun adepake marang malaikat perlu supaya sira dadi geganti ingsun yaiku nerangake aran ilmu Haqiqot lan Ma’rifat marang para malaikat iku kanthi jelas..”

Sawise mengkono tumuli suwijinw Alloh dawuh marang sekabehane malaikat…dawuhe mengkene…
“Hai poro malaikat mula sira pada mangertia satemene angsun iku ngerti marang sekabehane Ghoib-Ghoib kang ana alam langit lan kang ana bumi lan ingsun uga ngerti marang barang-barang kang siro edengeke lan siro umpetake…”

“WA’ALLAMAL ADAMA ASMA’A KULLAHA TSUMMA ARODOHUM ALAL MALAIKATI FAQOOLU AMBIUUNI BIASMAAIHAA ULAA I INGKUNGTUM SHODIKIN..”(Ila akhirihi)

Sawise mengkono tumuli suwijine Alloh dawuh maneh marang para jin ,syaetan kang bangsa iblis supaya sujud marang Nabi adam, tegese supaya pada toat marang nabi adam…tumuli para malaikat matur kasinggihan dawuh, tumuli para malikat pada netepi sujud pada toat marang Nabi Adam..
Dene jin lan syaetan tegese bangsa iblis tansah mbangkang lan gumede ora ana kang pada sujud toat marang Nabi Adam mula iblis lan balane iku dadi Kafir…

“WAIDZ QOOLA ROBBUKA LIL MALAIKATISJUDUU LIADAMA FASAJADUU ILLA IBLISA ABA WASTAKBARO WAKANA MINAL KAFIRIN..”

Sawise mengkono suwijine Alloh tumuli kersa mulyakake marang Nabi Adam kanthi panggonake ana suwarga …sawise Adam manggon suwargo antara lawase 50.000 tahun tumuli suwijine Alloh banjur dangu marang Nabi Adam..
“YA..ADAMU AFTASRIKU FIL JANNATI MAROHA…”

Tegese hai kekasih ingsun Nabi Adam, apa wae ta siro butuh ing kanca krana kangge kemareman ira ana suwarga Nabi Adam..”
Sawise omangokono panjenengan tumuli anggal matur marang Alloh mengkene..
“QOOLA NA’AM INNA ROBBII KHAITSU YASAA..”

Duh gusti Alloh panjenengan dalem panjenenagn punika pengeran dalenm , matur sembah nyawun mbok bilih panjenengan kersa maringi kanca dateng dalem…

Sawise mengkono Aloh kersa motong iga wekase Nabi Adam , Nabi Adam tanpo kroso lara babarpisan nalika kepotong iga wekase, hingga iga wekas iku kapintakake marang Nabi adam serta Alloh Ndangu mengkene Marang Nabi Adam..
“ Hai kekasih ingsun apa tah kang sumeleh ana ngarep iro iku..?
Nabi Adam tur njawab “ Duh Gusti kulo mboten mangertos ..” Alloh dawuh maneh “ Satemene kang sumeleh ing ngarep iro iku Iga wekas iro yaiku kang calon kanggo kanca iro ana suwarga kono…
Banjur Alloh dawuh “ KUNG FAYAKUN ..” Banju sekal balung iga wekase Nabi Adam iku dadi menungsa sempurna iya iku aran Ibu HAWA kang Dadi garwane Nabi Adam…
Banjur Alloh dawuh ana kitab Al-qur’an..

“WAKULNA ADAMUSKUN ANGTA WAZAUJUKAL JANNATA WAKULA MINHA ROGHODAN KHAITSUMA SI’TUMA WALA TAQROBA HAADZIHISSYAJAROTA WATAKUUNA MINADDHOLIMIN…”

Tegese…Hai kekasih ingsun Nabi Adam suwijine ingsun dawuh rungokeno temenan saiki iga iro kang dadi bojo ira tetepa manggon ana suwarga lan mangana apa wae kang ana suwargo rupa who-wohan sekarep ira Nabi Adam lan ibu Hawa..
Dene ingsun larang mung Siji , ojo pisan-pisan Adam lan Hawa kasi nyedak lan ing ikilah kayu kuldi..aja maneh kasi nyekel yen siro kasi nerjang larangan ingsun kelebu wong kang aniayalan bakal sun etokake saking suwargo…

Tan kocapa sawise dawuh mengkono antara lawas mangsa 50.000 tahun banjur ketekan syaithan ngudu-ngudu ibu Hawa, nulin ibu Hawa kepengin mangan who kuldi iku mau kasi koyo wong nyidam ora kena den penggaki kasi meksa marang Nabi Adam supaya metikake oh kuldi, la nalika samono Adam lan Hawa kasi meh kecongkrahan suwe-siwe Adam kepeksan metik who kuldi lan diparingake Hawa..tumuli who kuldi kedahar dening hawa antara wis entek 2/3 sanalika ibu Hawa metu Kopeke…lan kerine utawa sisane who kuldi diparingake marang Nabi adam kanthi ngucap ”who Kuldi pancen enakbanget rasane kabeh panganan ora ana kang bandingi enake..” Yen dipangan enake kosi rata sak awak iki lho Nabi Adam rasako kang selining iki..nuli kerine di tompo Adam banjur didahar Nabi Adam metu gulu manjinge..
Mula kaya mengkono satemene pokoke lan wijine Nafsu llaumah lan Nafsu Amarah, Supiyah, lan Nafsu Mutmainnah ikuora liya saka who Kuldi ..Nabi adam lan Hawa nduweni sahwat sapiturute iku uga saka who kuldi lantarane…

Mula kedadehane syahwat wong lanang iku sak 1/3 ( sapertelon) saking syahwate wong wadon.. Merga olehe mangan who kuldi kangge Adam iku mung 1/3 who kuldi..dene syahwate wong wadon iku 2/3 (Rongtelon) merga Ibu Hawa yen wektu semono iku mangan woh kuldi nganti 2/3 (rongtelon)…

“ FAAKHROJA FAAZA LAHUMASSYAITONA ANHA FAKHROJA HUMA MIMMA KAANA FIIHIL AYATI..”

Sawise Nabi Adam lan Hawa kaya mengkon0 iku mau tumuli Alloh banjur duka kung banget marang Nabi Adam lan Hawa hingga Adam lan Hawa dilucuti sandangane saking suwarga kang diagem dening Alloh…
Nabi adam lan Hawa dietokake saka suwarga lan dipisahaken antarane Adam lan Hawa kasi ora ketemu lawase kanthi 28 dina yaiku awit tanggal 13 sela kasi 9 besar…
Ana keterangan liya disebutaken “SUNAYAH KOIDAH..” tegese 40 dina arane..
Ana katerangan malih ing tafsir jamal.. “FAAKHRIJA HUMA MIMMA KAANA ILAHTANI..”
Tegese.. ngertia yen satemene iku mau kanggo contoh yen turune Adam iku yen arep kumpul antarane lanang lan wadon iku kudu kanthi AKAD NIKAH…Sawise Akad Nikah banjur ditemokake iku miturut sejarah nalika Adam lan Hawa di temurunake saka suwarga menyang dunya kanthi dipisah nili ketemu ana jabal Arofah, nalika tanggal 9 basar , nabi Adam lan hawa banjur salaman nuli lungguh jejer wukuf ana kono banjur budal menyang Muzdalafah hingga kasi mekah tanggal 10 dzlhijjah…

Mula saiki turun Adam anane manten kudu nikah nuli ditemokake kanthi ditinjaukake marang panggonane kemanten lanang..kiwi panceng miturut sejarah anane Nurulloh lan Nur Muhammad …
Mula saiki turun adam kudu mangerteni sejarah Akhadiya, Wahdah , Lan Wakhidiyah supaya ora bisa lali marang Akahadiyah tegese kito aja kasi pisah utawa luput marang Akhadiyah..yen kasi pisah banjur sasar tapi ora bisa kumpul yen ora bisa kumpul banjur kesasar…




ILMU HAQIQOT

Pada weruha siro kabeh yen ilmu Haqiqot iku ngerteni badan alus kang manggon utawa kang lungguh sajrone raga , dawuhe Alloh ing dalem Al-quran iku mengkene…

“WA’ALLAMAL ADAMAL ASMA AKULLAHA TSUMMA ARODOHUM ALAL MALIKAH..(ila akhirihi..)

Tegese… suwijine Alloh wis ngerteaken marang Nabi Adam maslah ilmu haqiqot lan ilmu ma’rifat yaiku diterangake badan-badan alus kang ana sajrone badan wadak…tegese yaiku badan alus kanmg ana sajrone jasad lan anggautane, dingertekake asal mulane lan gawene dadine lan penggaweane…

Dene rupa badan alus kang manggon ana sajrone badan wadak yaiku…
1. Nafsu Alaumah
Nafsu Alumah iki nduweni (angin Nafas arane rupane ireng)..dene nafsu Alumah iki abang rupane dene kumpule nafsu Alumah lan Angin nafas iku dadi wujud tunggal, rupa tunggal, Rasa tunggal, wujude kaya menungsa kang luwih gagah, gede duwur, godek brewok, rupane abang ireng,manggone ana waduk, yen ngucap nggorekake jagad, Rasane ngajak marangpenggawean kang Ala…

Tunggangane macan ,pelawangane ana cangkem, pujine “LAILA HAILLALLOH…”yaiku dadi gurune sekabehane beraja, penggaweane mulang marang sekabehane beraja / Anggauta…
Asal mulane Nafsu Alaumah iki sangka who kuldiasal mulane saking Nurulloh…Dumadine nafsu Alumah iku sawise didahar dening ibu Hawa lan Nabi Adam, tekane nafas lan Nafsu Alumah iku kangge Nabi Adam nalika umur( 50.000 Tahun x 2) dadi umure wis 100.000 tahun…
Dene kangge Ibu Hawa sawise umur 50.000 tahun…
Kangge Nabi Adam sawise ana wetengan 4 (papat) sasi yaiku aran syaeton haqiqi lan ora kena pisah babarpisan karo badan wadak salawase awan lan bemngipisahe yen wis ora ana badan wadak uytawa wis tekan janji…

Janjine yen ngambah alam barzah nalika arep pepisahan antarane Nafsu Alaumah lan Nafas iku ana peristiwa gede-gedean. Mila awit enom tekan tua kudu terus ngmbah alam Barzahsupaya nafsu alaumah lan Nafas alate peristiwa wektu iku basa luluh lan lebur sampek tekan baline bebarengan jasad jati…

2. Nafsu Amarah
Nafsu amarah nduweni (angin Tanafas kang Abang rupane )Nafsu Amarah iku kuning Rupane…banjur loro-lorone kumpul dad siji lan iya wujud tunggal, rasa tunggal, wujude kaya menungso rupane bagus ,gede mejana, kulite abang semu kuning , tanduke alus tur sumeh, kelakuane ala tapi gelem apik terkadang ngetutake nafsu Alumah lan terkadang ngetytake nafsu Supiyah, lan loro-lorone iku uga tunggal panggonane…

Panggonane ana Ati,pelawangane ana irung, tunggangane buta, yaiku dadi kekasihe sekabehane baraja lan dadi keteguhan…asal mulane nafsu Amarah iu uga saking who kuldi asal mulane tanafas iku uga saking Nurulloh..dmadine iku kangge Nabi Adam lan Ibu Hawa..
Lan turun Adam iku pada karo nafas Alaumah uyaiku aran pengemban syirri lan ora pisah babarpisan ndina wengi..selawase tansah niaya marang badan wadak ..marang keslametan kabeh selagine durung tiba janji lan pisahe kanthi aman lann tresnan- tresnanan hingga bali bisa ketemu maneh kumpul ana jasad Jati..


3. Nafsu Supiyah
Nafsu Supiyah iku putih rupane lan nduweni Angin Anfas biru rupane…dene kumpule nafsu supiyah lan anfas iku rupane kena diarani Putih semu biru..utawa biru laut loro-lorone iku tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal panggonane…
Dene panggonane iku ana otot, pelawangane ana mata,gawene nuduhake ala lan becik yaiku kang dadi pikirane sekabehane beraja asal mulane nafsu supiyah iku uga saking who Kuldi dadine iku abang karo nafsu Alaumah..
Asal mulane Anfas iku uga sangka Nurulloh..daene dadine iku bareng karo Nafas..dene tekane lan lungane lan baline pisan marang jati iku uga karo nafsu Alaumah lan nafas…


4. Nafsu Mutmainah
Nasu Mutmainah iku nduweni angin Nufus..Nafsu Mutmainah lan nufus iku uga tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal gawene yaiku dadi keteguhan lan trengginas ngadep marang Alloh…
Dene manggone iku ana utek…pelawangane ana irung tunggangane Gajah putih asal mulane Nafsu mutmainah iku uga saka woh kuldi dene dadine iku uga bareng karo Nafsu Alaumah..
Nufus iku uga sangka Nurulloh dadine iku bareng karo Nufus tekane lan lungane iku kabeh bereng lan baline menyang jasad jati uga bereng…

5. Roh Jasmani
Roh Jasmani iku dadi roh sekabehane Awak yaiku sejatining sukma arane. Dene gawene iku podo Nafsu Alumah . rupane lan lungguhe tunggal manggon lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo Nafsu Alumah..Asal mulane lan dadine lan kumpule iku tunggal karo Nafas.


6. Roh Robbani
Roh Robbani iku sukma kang wasesa nafsu Amarah rupane lan lunguhe lan pujine tunggangane iku tungal karo nafsu Sipiyah.Dene asl mulane lan dadine lan lungane lan balike lan mulihe lan pisah kumpule iku tunggal bareng karo Nafas lan Tanafas…


7. RohRohmani
Roh Rohmani iku sukma langgeng arane, gawene iku ngebani Nafsu Supiyah, rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo Nafsu Supiyh .Dene asal mulane nafsu supiyah lan dadine lan tekane lan lungane lan baline iku tunggal karo nafsu Alaumah dene roh Rohmani asal mulane lan dadine lan tekane lan lungane lan baline iku tunggal karo Nafas…


8. Roh Idhomi
Roh idhomi iku sukma luhur arane, Gawene iku nglayani marang Nafsu Mutmainah ..rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane karo nafsu Mutmainah..
Asal mulane Roh Idhoni lan dadine lan tekane lan baline lan mulihe lan pisah kumpule iku pada karo Nafas..
Dene kabeh nafsu Papat perkoro iku kang beda mung Lungguhe..tegese manggone lan penggaweane..Dene roh kudus iku sejatine Urip yaiku Roh suci kang diarani Roh Alloh, kang dijuluki Ratuning Urip, utawa dijuluki sukma sejati, sejatine Sukma lan kang nguwasani sekabehane Roh lan jasad…
Mula siro pada ngertia yen kaya mengkono iku kang den arani Ilmu Ma’rifat lan ilmu Haqiqot, jlaran yen ora ngerti kaya mengkono iku banjur ora weruh dununge Urip lan dununge pati lan ora ngerti dununge Gusti lan Dununge kawulo…

Sejatine sing Urip iku Gusti lan sejatine sing pati iku Kawula mula mangertia sateneme Alloh lan Muhammad lan Adam iku Tunggal…tegese sorot ukure olehe tunggal lir umpama kaya IWAK TELU ENDASE SIJI…
Jalaran Alloh iku Dzat tegese Akhadiyah.. Tegese iku isih wujud Tunggal, Urip Tunggal, Rasa Tunggal, lan kena den arani Dzat sejati, sejatining Dzat…
Dene Muhammad iku Sifat teges Wahdah yaiku dadi rupane Dzat…dadi wujude Tunggal karo Dzat..tegese Rupane Tunggal karo Dzat krana Rupane Muhammad iku sejatine Rupane Alloh..Wujude Muhammad wujude Alloh…

Dene Adam iku Asma yaiku Wakhidiyah mula ana teluning Tunggal dadi Asmane Dzat…tegese dadi arane Alloh, rupane adam dadi Asmane Alloh, wujude Adam wujude Alloh,rupane adam Rupane Alloh lan jenenge Adam jenenge Alloh…
Dadi kena den Arani Adam, Muhammad lan Alloh iku tunggal Wujud, Tunggal rupa, Tunggal jeneng, kaya dene IWAK TELU SIRAHE MUNG SIJI…Mula awak sabuntute iku sejatine mung uteke sirah dadi Alloh iku ya dekene Alloh…Muhammad deweke Alloh Adam dewekw Alloh lan kabeh Alam duwene Alloh…
Dadi wujude Alam yo wujude Alloh..Rupane Alam yo rupane alloh…jenenge Alam yo jenenge Allloh gawene Alam yo gawene Alloh…dadi kena den arani Dohire pirang-pirang tapi sejatine mung siji…dadi awal lan akhir, Dhohir lan bathin iku mung Siji mung Alloh blaka..mula dawuhe Alloh mengkene…

“HUWAL AWALU WAL AKHIRU WAHUWA BIKULLI SYAEING KODIR…”

Mula kena den arani iku Alloh, iki Alloh kono Alloh, kene Alloh jalaran sirahe mung siji…












DUNUNGE HURUF HIJAIYAH SING WERNANE TELUNG PULUH ( 30 )
1. ALIF
Alif iku satemene asal saka alife lafadz ALLOH, mula life iku kena den arani kawitan lan kena diarani lif Akhadiyah, lan kena diarani Alif Dzatul Wahid krana Alif iku nuduhake Dzat Sejati lan anane Urip seajati lan anane Akhadiyah iku tegese anane alloh nalika isih wujud MUTLAK klawan ITLAQ
Alif kang diarani Alif Akhadiyah iku tegese nuduhake anane Alloh isih durung barahi, krana diarani Dzat Sejati, isih wujud Mahdi, tegese LATA”YUN, isih wujud tunggal , Urip tunggal,Rasa tunggal…

2. BA, TA, TSA, JIM, KHA, KHO, DAL, DZAL, RO, ZA, SA, SYA, SHO, DHO, AIN, GHIN, FA, QO…
Hufuf BA nganthi QOF iku asale sangka sifat 20 ( Rong puluh ) yaiku nuduhake anane sifat sejati anane Wahdah yaiku anane Rupane Alloh…

3. KAF DAN LAM
KAF DAN LAM iku nuduhake anane amal lan ilmu yaiku nuduhake anane asma tegese anane Wakhidiyah yaiku nyatakake anane AKBAR lan anane Wujude Asma Alloh lan Asmane kagungan Alloh…
KAF DAN LAM olehe diarani asal sangka amal lan ilmu iku nudukake anane Wakhidiyah tegese anane Alloh, wis kersa nyatakake wujude Asmane Alloh lan Asmane kagungane Alloh…

4. MIM, NUN, WAWU, HA, LAM ALIF, HAMYAH, YA
MM nganti YA iku asale sangka martabat pitu (7 )yaiku Nuduhake anane AF’Ale Alloh yaiku anane Alam kabeh lan anane barang –barang kang ketingal mata…
MIM nganti YA iku asale sangka Martabar Pitu (7) iku den bagi dadi loro yaiku
1. MARTABAT KODIM
Martabat kodim iku Akhadiyah ,Wahdah, lan Wakhdiyah yaiku awit LATA’YUN nganthi TA’YUN AWAL lan TA’YUN TSANI
Dene Mratabat Qodim iku ana telu (3)

2. MARTABAT MUHADDAST
Martabat Muhaddast yaiku Awit lahire lan Ala Arwah ,nganthi Alam Mitsal nganti Alam Ajsam nganti Alam insan Kamil…
Dene Martabat Muhaddast iku ana Papat (4)

Dene Amal lan ilmu lan martabat iku dadi Dhohir lan Bathin… Amal iku dadi Dhohire, krana amal iku penggawe kang sempurna lan kang nyata…
Dene ilmu iku kaweruh kang semputna lan kang nyata…
Dene Martabat Akhadiyah iku dadi kalimat
“ASYHADU…”
Martabat WAHDAH iku dadi Kalimat
“ALLOH…”
Martabat WAKHIDIYAH iku dadi kalimat
“MUHAMMAD…”Mujmal yaiku kang nuduhake kumpule NURULLOH lan NUR MUHAMMAD lan kena diarani NURUDZAT lan NURUSSIFAT…
Dadi kalimat “MUHAMMAD” iku dadi iman Mufasil yaiku Nuduhake anane kawula lan Gusti…lan mbedakake anane aran kawula lan gusti …Gusti iku ana Alam Qodim, kawula iku ana Alam Muhadast…
Kumpule Gusti lan kawula iku kang jeneng holat tegese Alloh iku Asmane Gusti, Akbar iku Asmane Kawulo…Alloh iku Asmane Dzat Sejati Akbar iku Asmane Sifat sejati…

Mula Sholat iku mesti dikawiti takbirotul ikhrom…yaiku ngucap ( ALLOHU AKBAR ) jalaran satemene sholat iku ngumpulake IMAN MUJMAL lan IMAN MUFASSOL..jalaran iman mujmal iku metu saking NURULLOH yaiku mengku saking kalimat Alloh yaiku dununge Alloh ,kang diarani URIP SEJATI… IMAN MUFASSOL iku metu saking NUR MUHAMMAD yaiku mengku kalimat AKBAR yaiku dununge badan kang diarani jasad jati…

Jalaran Sholat iku Fardhu ngmpulake IMAN loro iku mau tegese kumpule kawulo lan gusti tegese badan lan Urip mula kudu kumpul iman loro supaya dadi iman sempurna…
Yen wis sempurna iman loro mau banjur bisa Bali marang “ASYHADU..” kang nganggo makna suci…Dene ASYHADU kang nganggo makna suci iku TASDID tegese urip langgeng sing tanpa huruf lan tanpa suara utawaa kanggo sifat kang rong puluh (20 )

Dene Alam Arwah iku dadi AF’ALULLOH tegese tegese dadi tanda Dawene Alloh…
Dene Alam Mitsal iku dadi Asmaulloh tegese tanda arane Alloh
Dene Alam Ajsam iku dadi sifatulloh tegese dadi tanda Rupane Alloh..
Dene Alam Insan Kamil iku dadi tanda Dzatulloh tegese dadi tanda wujude Alloh…

Mula sing ati-ati lan ngati-ngati jalaran sholat 5 (lima ) wektu iku dadi sekare Sholat sejati tegese Sekar iku yen ngasi pritil utawa ceblok iku ora bisa dadi Who…tegese senajan ngucap (ALLOHU AKBAR…) kok kasi ora kumpul kawula lan gusti iu ora diarani Sholat, dadi impmane kembang ora bisa dadi pentil…
Tangehe olehe bisa dadi sholat sejati merga yen nganti ora kumpul kawula lan gusti , tegese kawula tetep kawula, lan gusti tetep gusti utawa kang diarani badan tetep badan, urip tetep Urip, banjur ora bisa Iman sepurna ..yen ora bisa bali marang ASYHADU kang manggon makna Suci..

Yen siro bisa kumpul kawula lan Gusti yaiku kumpule Iman mUjmal lan Iman Mufassol ..banjur dadi iman sempuna… ayen wis dadi iman sempurna banjur bisa bali marang ASYHADU kang ngangggo makna suci…tegese kena diarani kumpule kawula lan Gusti Ilang Kawula kari Gusti Ilang Muhammad kari Alloh..,
Yaiku kang diarani Sholat sempurna lan sempurnane Takbir lan sempurnane sempurena …sempurnane sholat lan sempurnane poso lan sempurnane zakat lan sempurnane haji lan sempurnane islam lan sempurnane iman lans sempurnane Ma’rifat lan sempurnane Tauhid lan sempurnane Urip lan Mati…